Si pujangga hati

Tuesday, July 9, 2013

demam youtube sukir vs sudar


Sudar: Kir, wis ndeleng vidio sing wong Gumelar gelut agi bal2An ning yutub urung?

Sukir: sih..?apa kue yutub? dulure yu tursinah apa dar?

Sudar : maning sih koe, ayawhene ora ngerti yutub,mulane sok internetan kue aja kur bisane fesbukan tok..yutub kue website penyedia vidio gratis, dadi vidio apa bae ana ning kana..

Sukir: apa iya sih? berarti vidio luna maya kae y ana..?

Sudar: HUSH...!! aja saru kie ning halamane bocah SMA, aja mbahas kue ndipit, mbahase masalah ky kue mah mengko ning mburian..

Sukir: lha ujarmu sih apa?pikiranmu ae kue sing kudu disebrak ding kathek..wong arep takon vidio luna maya sing kae geneng..sing anu lagi ngEm-si (MC) ning Dahsyat ana mbok? (nutup2i ujar2e mah)...

Sudar: oh kue y ana..ujarku tah vidio sing kae..

Sukir: Vidio sing apa?!

Sudar: y vidio sing anu lah....

Sukir: whahaahaa..berdalih y ko pancen..dar..sudar..wis lanjutna topike, berarti inyong y bisa ndeleng vidio ap bae ning kana kue

Sudar: ala y bisa man..man...selain ndeleng uga bisa ngaplod vidio, bisa like utawa dislike ky ning fesbuk ae lah..

Sukir: o ky kue y uwis mengke bengi tk jajal y..

----------Ngesuk-esuke--------------

Sudar: kepriwe kir? wis dijajal yutube...

Sukir: sih koe nglombo yah..wong boro2 ngaplod vidio..deleng vidio ge vidione langka acan koh , malah unggal nyonge jajal nyetel vidio, gambar vidione pada kabeh..

Sudar: lha sih geneng pada kabeh maksude kepriwe?

Sukir: genah pada kabeh koh vidione, nyong arep deleng vidio aril lagi anu..lagi manggung y gambare pada bae..inyong ndeleng vidione cut tari karo luna maya lagi anu..lagi ngEmsi maksude y pada bae gambare...masa judule beda-beda gambare pada bae mung ireng gambare trus ana bundere munyeng2 ning tengahan..y uwis lah mbebehi temen ndeleng yutub....

Sudar: wkakakakakakakaka....sukir sukir!! bodo koh ra tobat-tobat...bodo permanen yah ko...kue kui loadinge bedol bedol...wong tah gayane arep nonton vidio aril, cut tari, luna maya si keprimen wong loading yutub ge ra ngerti2a..

Sukir: lha geneng loading masa nganti 3 jam r uwis2?

Sudar: ko kue nganggo modem apa? modem cap gajah kemureb apa modem cap botol kecap?koneksine ndean...makanya pake modem 'nyelang-fren' internet ngebut, duit kena go tuku udud...wkakakakakakak

No comments:

Post a Comment