Si pujangga hati

Monday, April 29, 2013

didi & wiwit


akhire cintane kuncir wis keleksanan anane mbojo karo riska, neng panggung mantenan wong loro kue katon gagah lan ayu, kaya raja karo ratu, akeh wong pada seneng goli ndeleng, katon-katone serasi, pantes...

olih rong wulan ...
riska : "mas.. aku mau maca artikel neng majalah, ana tips sing bisa marekna ngawetna hubungan pernkahan... mengko aku karo njenegan nulis apa bae sing kurang disenengi sekang
awake dewek maring pasangane"
"terus mengko gari dewek ngrubah apa sing kirane kurang sekang awake dewek.."
@kuncir : "aku setuju sayang..."

wengine, @kuncir karo riska turune pisahan, terus nyatet apa sing kurang sekang bojone... mbarang esuk... neng mbale tes sarapan, wong loro kue pada rempugan...
riska : "aku disit ya mas..."
kuncir : "monggo sayangku..."
riska ngetokna telung lembar kertas, diwaca siji-siji.... kekurangan apa bae sing kirane kurang sekang kuncir,, mbarang wis ulih selembar, richard kayong madan mbrebes mili... nelangsa...
riska : "diterusna ora mas..?"
@kuncir : "terusna..."
riska nerusna macane, ngasi rampung...

riska : "siki gari njenengan mas,, monggo diwaos.."
kuncir : "hmmm... aku ora nyatet apa-apa sayang.. anane dirimu, bagiku wis cukup, wis sempurna.. sampean wis ayu, apik, menurutku.. ora nana sijia sing ora apik menurutku..."
riska kaget... ndengkul... terus nangis...

masbro n mba bro...
urip pancen angel, akeh masalah lan apa bae sing dirasa kurang, sebenere ora usah ngentong-ngentongna wektu nggo mikir hal sing kaya kue.. urip kiye wis apik, akeh pengarepan, akeh kebutuhan, dadi ora usah mikirna hal-hal sing ora apik nek dewek teyeng nemukna hal sing nyenengna.. sing pentig kue ya mayuh pada bersyukur karo apa sing wis dewek nduweni...

(moga ana manfaate)


No comments:

Post a Comment